RSS

Hei...slamat datang dBlogKu yyaaa... slamat mbaca ^^

Bregada Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat

Bregada Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat

Kirang langkung sepalih abad hadeking Kasultanan Ngayogyakarto Hadiningrat ing tahun 1755 Masehi, Kraton nggadahi prajurit ingkang kiyat, ingkang dumados saking infanteri soho kavaleri ingkang sampun ngaggem senjata bedil. Prajurit menika sampun kabukten nggadahi kekiyatan rikala ngadepi bala tentara Inggris ing wulan Juni tahun 1812. Ananging rikala pamerintahan Sultan Hamengkubuwono III prajurit menika dipun bibaraken dening kompeni Inggris. Milahi wontenipun perjanjian ing tanggal 2 Oktober 1813 Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat sampun mboten dipunakeni wontenipun prajurit ingkang kiyat. Kepara ing tahun1942 sedaya prajurit kraton dipunbibaraken dening pamerintahan Jepang.

Ing tahun 70-an prajurit kraton dipungesangaken malih, ananging wekdal punika namung kangge ngawal sultan soho njagi kraton lan ugi nderek wontenipun upacara-upacara, contonipun Grebeg Mulud.

Sakmenika ringkesan cekak ngengingi para bregada prajurit Kasultanan Ngayogyakarto Hadiningrat ing upacara Grebeg Mulud.

a. Bregada Wirobrojo(Lombok Abang)

Bregada ingkang mbeta senjata bedil. Ngaggem busana jas bikak werni abrit soho

celananipun ugi abrit. Ngaggem sabuk satin werni abrit, ugi ngaggem tutup sirah ingkang arupi udheng ingkang werni pethak utawi cemeng soho topi abrit ingkang kasebat kudhup turi. Ngaggem kaos kaki pethak lan sepatu. Kagungan kalih duaja kanthi nama Kiai Slamet soho Kiai Santri. Anaging kekalih kasebat dipunamani Gulo Klopo. Bregada punika ugi kagungan lagon uduk fumil.

b. Bregada Dhaeng

Bregada ingkang asalipun saking Sulawesi. Bregada menika ngaggem busana jas pethak, celana panjang pethak kanthi garis abrit, ngaggem sabuk satin werni biru. Ngaggem tutup sirah ingkang bentukipun segitiga ugi ngaggem sepatu.Bregada punika kagungan duaja ingkang naminipun Bahmingsari ugi kagungan lagon ondang-anding.

c. Bregada Patangpuluh

Bregada ingkang mbeta senjata bedil. Bregada menika ngaggem busana jas bikak kanthi klambi pethak ing saklebetipung jas. Ngaggem tutup sirah ingkang kasebat songkok, ngaggem sepatu lars panjang. Bregada punika ugi dijangkepi piranti musik arupi terompet lan suling. Duajanipun kanti nama Cokrogoro.

d. Bregada Jogokaryo

Bregada ingkang mbeta senjata bedil. Bregada menika ngaggem busana jas bikak saking kain lurik kanthi klambi warni jene saklebetipun jas, ngaggem sabuk satin werni abrit. Ngaggem penutup sirah songkok kang wonten sayapipun, ngaggem kaos kaki panjang soho ngaggem sepatu. Bregada punika ugi dijangkepi piranti musik arupi terompet lan seruling. Duajanipun kanthi nama Papasan.

e. Bregada Prawirotomo

Bregada ingkang mbeta senjata bedil soho keris. Bregada menika kanthi busana jas bikak cemeng kanthi klambi pethak saklebetipun, celana pethak soho ngaggem sabuk satin werni pethak. Ngaggem penutup sirah kados songkok kanthi ngaggem sepatu lars panjang. Bregada punika kagungan duaja ingkang naminipun Genirogo utawi Banteng Ketaton.

f. Bregada Ketanggung

Bregada ingkang mbeta senjata bedil kanti bayonet ugi keris wonten ing pinggang, Ngaggem busana jas bikak lurik kanthi klambi pethak saklebeting jas. Ngaggem udheng werni ingkang cemeng soho tutup sirah ingkang bentukipun segitiga ugi sepaton lars panjang. Bregada punika kagungan lagon inggih menika Litrik Emas, Arjuna Mangsah. Duajanipun kanthi nama Cokroswandono.

g. Bregada Mantrijeron

Bregada punika asalipun saking para mentri ingkang kagungan jejibahan dados hakim wonten ing kraton ugi gadah tugas njagi Sultan. Bregada punika mbeta senjata bedil. Bregada punika kanthi busana jas bikak saking bahan lurik kanthi garis cemeng pethak ugi ngaggem klambi pethak saklebetipun. Ngaggem celana lan kaos kaki panjang pethak, kanthi ngaggem sepatu. Ngaggem udheng kanti werni cemeng lan tutup sirah kados songkok. Duajanipun kagungan nama Purnomosidi.

h. Bregada Nyutro

Bregada ingkang keahlianipun beksan. Tugasipun njagi Sultan ingkang nembe lenggah wonten ing Sitihinggil. Bergada punika kagungan kalih kelompok, ingkang setunggal ngaggem busana cemeng-jene lan kelompok setuggalipun kanthi pangaggem abrit-jene. Saben kelompok kagungan 3 regu. Regu ingkang kapisan kanthi senjata bedil, regu ingkang nomor kalih lan tiga kanthi senjata tombak. Busana Bregada Nyutro arupi klambi kanthi lengen pendek, celana lan dodot utawi kampuh kain bangun tulak. Ngaggem tutup sirah utawi udheng gilig, ananging mboten ngaggem sepatu. Duajanipun wonten kalih inggih punika Padmostrikresno soho Podangngisepsari.

i. Bregada Bugis

Bregada ingkang kagungan jejibahan ngawal para Patih ing Kepatiahan. Bregada punika ngasta senjata tombak. Ngaggem busana jas tutup werni cemeng, celana panjang cemeng ugi ngaggem udheng cemeng kanthi tutup sirahipun ugi cemeng. Duajanipun kagungan nama Tigowerno.

j. Bregada Surokarso

Bregada ingkang ngasta senjata tombak. Ngaggem busana kados klambi lengen panjang kanthi werni pethak soho celana panjang kanthi motif gebyar. Ngaggem tutup sirah arupi udeng kain cemeng kanthi warna pethak wonten ing tengah sarta garis alit pethak wonten ing sisih pinggiripun, udeng kain punika kasebat teleng kewengen. Bregada Surakarso gadah jejibahan ngawal sesajian gunungan. Duajanipun kanthi nama Trimurdo.


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS