RSS

Hei...slamat datang dBlogKu yyaaa... slamat mbaca ^^

Kesenian Tradisional Yogyakarta


KESENIAN TRADISIONAL YOGYAKARTA

Kota Yogyakarta masuwur deneng kesenian tradisionalipun ingkang maneka warna.Ingkang kagungan cirikhas piyambak-piyambak. Sakmenika contonipun kesenian tradisional ingkang wonten ing Ngayogyokarto.



WAYANG
Wayang wonten bentuk ingkang aslinipun inggih menika kreasi budoyo tiyang jowo ingkang nggaadahi manekawarna aspek budoyo jowo. Wayang sampun wonten sakderengipun budoyo Hindu mlebet wonten ing Indonesia. Naliko jaman Neolitikum pagelaran wayang namung kawujud upacara-upacara keagamaan ingkang kaselenggaraaken wonten ing wanci dalu ingkang dipersembahaken kagem “Hyang”. Pqagelaran wayang critanipun nggambaraken crita kepahlawanan ingkang wonten ing mitologi.

Wonten ing jaman sakmenika pagelaran wayang sampun benten kaliyan pagelaran wayang ing jaman ndisik. Jaman ndisik wayang digambaraken miturut wajah parasepuh.

Tiyang jawi seneng ningali wayang amergi critanipun katah pelajaran-pelajaran ingkang migunani lan saget didadosaken tuntunan ing ndalem nglakoni gesang ing masyarakat.Miturut crita lan panyuguhan kira-kira wonten 40 jenis wayang ingkang wonten ing Indonesia, kayata wayang beber, wayang klithik, wayang kulit, wayang krucil lan wayang thengul utawi wayang golek. Biasanipun pagelaran wayang dipun iringi kaleh gamelan.


LANGEN MANDRA WANARA
Langen mandra wanara inggih menika gabungan manekawarna jenis tarian,tembang, drama, lan irama gamelan inggih menika salah setunggalipun bentik kesenian tradisional Yogyakarta. Cirikhas tarian menika inggih menika para penerinipun ngadek ngagem dengkul utawi ndodok kaleh nembang mocopat. Critanipun Langen Mandra Wanara dipun dudut saking crita Ramayana namung katah nampilaken wanara utawi kethek.


KETHOPRAK
Kethoprak inggih menika kesnian trdisional ingkang panyuguhanipun ngagem basa jawi, critanipun maneka warna ingkang isinipun nyritakaken sejarah ngantos crito-crito fantasi. Biasanipun pagelaran kethoprak diawali tembang jowo. Kostum lan dandanipun dipunsesuekaken kaleh adegan lan alur critanipun, kejawi menika ugi dipun iringi kaleh irama gamelan lan keprak.



KARAWITAN
Musik gamelan tradisional jawi ingkang dipunsuguhaken kaleh sekelompok Wijaya lan dipuniringi nyanyian saking Waranggono lan Wiraswara dipunsebut “Uyon-uyon”, menawi mboten diiringi nyanyian saking Waranggono utawi Wiraswaro dipunsebut “Soran”.


KETHOPRAK BOCAH
Seni kethoprak salah setunggale tinggalan budoyo jowo kang adiluhung, kang saya dangu saya ilang. Jaman ndisik nalikanipun jaya-jayanipun kethoprak tobong, tansah pikantuk kawigaten gedhe sakingn masyarakat jalaran critanipun ngenani legenda, sejarah lan crita rakyat ingkang wonten gandheng cenenge kaliyan panguripan. Amrih seni kethoprak tetep lestari, dereng dangu iki ndalem rerangken mengeti “Hari Anak” dipungelaraken kethoprak bocah wonten ing Ngayogyokarto. Biasanipun kethoprak bocah dipun peranaken dening bocah SD ngantos SMP.
JATHILAN
Jathilan inggih menika salah stuggalipun jenis tarian ingkang penarinipun migunakaken jaran dolanan kang dipun damel saking kepang. Tari jathilan mboten ical saking unsur magis. Pagelaran tari jathilan biasanipun dipun suguhaken sesarengan kaliyan musik gamelan.

KESENIAN TANAH JOWO

JATHILAN
Jathilan inggih menika salah setunggalipun bentuk tarian ingkang penarinipun ngginakaken jaran dolanan ingkang dipun damel saking kepang, kejawi meniko penyuguhan tari jathiulan mboten ical saking pengaruh magis. Tari jathilan menika dipunsuguhaken ngagem iringan manekawarana alat gamelan koyoto saron, kendang lan gong.
SENDRATARI RAMAYANA
Salah setunggalipun sendratari ingkang terkenal inggih meniko sendratari Ramayana. Sendratari Ramayana nggadahi keistimewaan utawi cirikhas amargi critanipun nggambaraken watak ingkang sae (dipuntokohaken dening Sri Rama saking negari Ayodyapala) nglawan watak ingkang ala (dipuntokohaken dening Rahwana maharaja angkara murko saking negari Alengka).

Sendratari Ramayana dipun pentasaken wonteng ing panggung terbuka ing Candi Prambanan. Sendratari meniko dipunselenggarakaken secara rutin wonten ing bulan Mei ngantos Oktober, Ingkang kebagi dening 4 episode,inggih menika:

Episode setunggal :Ilange Dewi Sinta

Episode kaleh :Hanoman Duto

Episode tiga :Kumbokarno leno

Episode sekawan :Dewi Sinta ditulung Bathari Agni
WAYANG KULIT
Wayang kulit biasanipun dipun damel saking kulit kebo utawi kulit lembu. Wayang kulit sakmenika sampun dados warusan budoyo nasional lan sampun masuwur sanget wonten ing donya Internasional sahingga kathah tiyang manca ingkang dateng saperlu nyinaoni seni perwayangan. Pagelaran wayang kulit ngantos sakmenika tetep dipun senengi masyarakat.Pagelaran wayang biasanipun dipun suguhaken sedalu.
WAYANG WONG
Wayang wong inggih menika wayang ingkang dipunlakokake dening manungso. Critanipun ajeng mirip kaliyan crita-crita wonten ing wayang kulit, bedanipun dalangipun wayang wong kejawi dados pinata crita ugi dados sutradara panggung.
WAYANG KLITHIK
Wayang klithik dipun damel saking papan kayu.Asma wayang klithik kajupuk saking suaro klithik-klithik naliko dipunmaenaken.Crita wayang klithik biasanipun ngisakhaken Dhamarwulan.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Bekakak Saparan

Setaun sepisan ing sasi Sapar masyarakat ing Dhusun Ambarketawang Kecamatan Gamping, Kabupaten Sleman nganakake upacara tradhisional Saparan. Amarga ditindakake ing kecamatan Gamping, mula banjur kondhang diarani Saparan Gamping.

Kejaba ing Ambarketawang, uga ana papan liya sing nindakake upacara Saparan, kayata : ing Wonolela Kecamatan Ngemplak Kabupaten Sleman, utawa Wonokromo ing Kabupaten Bantul.

Saparan Gamping bedo karo Saparan ing papan liyane. Adicara ini ditindakake kanthi nganakake arak-arakan saka Bale Dhusun Ambarketawang. Salah sawijining paraga sing diarak awujud bekakak. Bekakak yaiku tetironing manungsa arupa penganten sing digawe saka glepung beras ketan dicampur beras jawa. Jerone bekakak di isi juruh gula klapa sing diwenehi warna abang. Warna abang iki lambang getih manungsa. Bekakak mau dipikul ing tandhu, mawa piranti sing warna-warna. Sawise tekan gunung gamping,bekakak banjur disembelih, minangka lambang pangurbanan utawa sedhekah.

Manut crita sing gethok tular utawa riwayate anane upacara dianakake, awit dhawuh Dalem Sultan Hamengku Buwana I. Upacara mau bisa dadi pangeling-eling nalika kaluwargane Ki Wirasuta abdi dalem sing nalika semana tiwas awit kajugrugan watu Gunung Gamping. Supaya bab mengkono ora kadadean maneh para warga kudu tansah ngati-ati mula masyarakat Gamping banjur nganakake upacara Bekakak ing saben sasi Sapar, dina Jumat ing antarane 10-20 sasi Sapar. Sing baku upacara iku, isi pandonga marang Gusti lan wujud sukure para warga kanthi menehi rejekine marang wong liya wujud asile tetanen lan panganan sing manekawarna, pangan mau diwenehake marang wong liya sing padha teka. Dene ubarampe ing upacara iku mung wujud simbol wae, sing bisa narik kawigaten para warga lan bisa dadi tontonan utawa hiburan, malah bisa dadi papan wisata.

Upacara kang wis lumaku lantaran 200 taun iku mujudake tradhisi budaya sing kudu dilestarekake. Upacara iki diajab bisa nuwuhake rasa tresna marang kabudayan tradhisional kang bisa narik kawigatene para wisatawan. Tradhisi iki bisa mlebu ing kalender wisata internasional sing tundhone bisa nambah kesejahteraan tumrap warga Gamping sakiatengene.

Sing uga kudu digatekake panemu menawa upacara bekakak iku mung mujudake upacara tradhisi sing wis turun0temurun. Tradhisi minangka budaya Jawa kang bisa narik kawigatene para wisatawan, sing tembene bisa ngundhakake ekonomi masyarakat. Dadi aja nganti keblusuk ing babagan syirik kang ora bener manut paugeraning agama.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS